Jumat, 02 Desember 2016

SOAL UAS I BAHASA JAWA KELAS VIII TAHUN PELAJARAN 2016/2017

NASKAH ULANGAN AKHIR SEMESTER GANJIL
MADRASAH TSANAWIYAH YPSM BARAN
TAHUN PELAJARAN 2016/2017
Bidang Study      : BAHASA JAWA                                                                        Kelas           : VIII ( DELAPAN )
Hari/Tanggal      : Selasa, 13 Desember 2016                                                         Waktu          : 07.30-09.00

I.      Wenehana tandha ( x ) ing salah sijining aksara a, b, c utawa d ing lembar wangsulan kang cumawis!


Maca Wacan
LELARA
Dening Suci Hadi Suwita Teka tanpa taha-taha, satus dalane, sewu jalarane, saleksa jeneng memala, nadyan kaduwa tetep meksa, nlusup selaning lena, sok nglayang liwat mega meksa, malang kadhak nantang kang tan kawagang, slulup lelumban ing peranganing raga, lelara raga pengkuh datan karasa, mudha prakosa lelara datan temama, bayi cilik ringkih lelara ngungkih-ungkih, tuwa nglungka lelara teka kuwasa, jroning raga perang tandhing rebut daging, bala getih isih kabantu tamba linuwih, ati wani tan jirih, nyenyuwun Gusti Maha Asih, mung loro butulane, mari apa mati.
1.   Kepriye tekaning lelara iku ?
a.   nadyan kaduwa tetep meksa
b.   tanpa taha-taha
c.   nglayang liwat mega
d.   nlusup selaning lena
2.   Manut geguritan ing ndhuwur, ana pira jeneng lelara iku?
a. satus
       b. sewu             c. sayuta           d. Saleksa
3.   Cangkriman-cangkriman ing ngisor iki kang awujud pepindahan(emper-emperan ) yaiku … .
a. Sega sekepel dirubung tinggi.
b. Wong wudunen iku sugih pari.
c. Lawa lima, kalong telu ana pira?
d. Wis gedhe kok ngguyu tuwa.
4.   Rosyid  saiki uripe kepenak, kabeh kabutuhane wis dicukupi maratuwane, omah digawekake, kendaraan ditukokake, gaweyan wis digoleke , bebasane … .
a. Sembur-sembur adas siram-siram bayem.
b. Kejugrugan gunung menyan.
c. Kakudhung walulang macan.
d. Nglungguhi klasa gumelar.
5.   Minggu kepungkur Pak Lurah sakulawarga tindak Jakarta. Miturut surasane ukara iku kalebu ukara apa ?
a. ukara pitakon
                   c. ukara pamenging
b. ukara pangajak
                d. ukara carita
6.   Uikara-ukara ing ngisor iki mujudake ukara pitakon yaiku.
a.     Wacanen resep saka Pak Dhoter iku!
b.    Sapa nandur bakal ngundhuh.
c.     Apa kang dadi gegayuhanmu muga-muga bisa kasembadan.
d.    Apa kang njalari lara demam berdarah iku?
7.   Warga masyarakat  padha  sayuk … ndadani dalan kang rusak. Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara iku …
a. rukun        b. Guyub          c. karsa                        d. Kridha
8.   fikris anggone maca geguritan pancen apik tenan, pocapane cetha, las-lasan, ora gumremeng tur kendel. Maca geguritan kaya Fikris  iku ateges nggatekake … .
a. Wirasa
     b. Wiraga          c. wicara          d. Wirama
9.   Sanajan dadang anggone maca geguritan cetha pocapane, nanging dheweke ora nggatekake isine geguritan/ora dirasakake jroning ati. Geguritan kang isine susah malah diwaca karo mesam-mesem. Anggone maca geguritan Dadang iku ateges ora nggatekake … .
a. Wirasa
     b. Wiraga          c. wicara          d. Wirama
10. Tembung-tembung ing ngisor iki kang kalebu tembung camboran yaiku … .
a. raja brana, bala pecah, gulu banyak
b. wanasaba, sapa aruh, naga sari
c. mata kebo, mata sapi, gilir gumanti
d. sayuk rukun, akal budi, bibit kawit
11. Ukara-ukara ing ngisor iki migunakake tembung saroja, kejaba … .
a. Tindak-tanduke Rifa’i pancen apik banget.
b. Tata krama iku kudu lumrah kanggo sapa wae.
c. Muga-muga ora ana godha rencana.
d. Aku wingi mangan randha royal entek papat.
12. Ukara-ukara carita ing ngisor iki kang nggambarake kahanan kang wis mesthi …
a.     Kang ngagem bathik kae dudu Bapak Kepala Sekolah.
b.    Aku ora percaya yen dheweke ora lulus ujian.
c.     Adohe anggone mlaku wingi kira-kira 5 km.
d.    Kang nggawa Bausastra jawa pancen aku.
13. Ukara-ukara ing ngisor iki ukara carita kang nggambarake kahanan kang durung cetha, kejaba …
a.     Bapak anggone rawuh mbok menawa mengko sore.
b.    Saiki kira-kira jam 11.00 WIB.
c.     Pakdhe dina  iki mesthi rawuh mrene.
d.    Yen ora kleru sesuk dina Selasa.
14. Lho kok njanur gunung, kadingaren panjenengan mampir, ana perlu apa? Njanur gunung karepe … .
a. pareden
   b. duren            c. aren              d. wijen
15. Gabahe teles merga kudanan. Tembung teles kosok baline
a.klomoh      b.garing            c.kebes                        d.aking
16. Anak kudu bekti marang wong tuwa. Apa dasanamane tembung anak?
a. tanaya, yoga, siwi, sunu
b. rama, sudarma, sudarmi, yayah
c. biyang, indhung, rena, wibi
d. dwija, muni, resi, wiku
17. Ukara-ukara ing ngisor iki kang migunakake seselanan um yaiku …
a.     Dadi bocah aja sok kumawani marang wong tuwa.
b.    Para mudha ageng sanget sumbang surungipun tumrap kemajenganing bangsa.
c.     Anggonmu mrene numpak apa?
d.    Dadi wong iku aja gumedhe, mundhak disengiti kanca
18. Bapak saben esuk mangan sega pecel, ngoko aluse………….
a. Bapak saben esuk dhahar sega pecel                            
b. Bapak saben esuk dhahar sekul pecel       
c. Bapak saben esuk nedha sega pecel.                               
d. Bapak saben esuk nedha sekul pecel.     
19. Kang nggunakake basa ngoko alus…..
a. dimas tuku sepedha jengki.
b.Ibu ora diparingi salak.
c.  Bapak ora dicaosi pelem.
d. Agus sampun tumbas buku tulis
20. Palemahan kang ditanduri kekembangan jenenge……..
a.patapan                             c.patamanan
b.pasanggrahan                   d.pinihan
21. Wong kang sabar dientarake jembar segarane. Wong kang gela arane…….
a.jero atine                           c.rupak jagate
b.nggadho ati                       d.pingget ati
22. sepedhahe motor diseleh ana njero omah. Tembung njero omah kosok baline………
a.tengah omah                     c. njaba omah
b.pinggir omah                     d. iringan omah
23. Putri dipun utus eyang boten purun. Krama lugune…
a. Putri dipunkengken eyang ora gelem
b. Putri dipunkengken eyang boten purun.
c. Putri  dipunutus eyang ora gelem.
d. Putri dipunutus eyang boten purun.
24. Bapak kula dereng kondur saking kantor. Tembung kondur krama lugune…
a. mulih        b. wangsul        c. Kesah          d. tindak
25. Kang klebu candrane wong nesu……….
        a. baguse kaya bathara kamajaya
        b. sapta kukila warsa
        c. catur wanara rukem
        d. jaja bang wawinga- winga.
26. ukara kang nggunakake tembung rangkep……
a. bapak mundhut andhuk    
b. Irma  nyirami kembang mlathi
c. Satya  mbayar ujian
d. Farhan seneng tetulung kancane.
27. ngabekti marang wong tuwa loro. Ukara iku ngunakake basa………….
a.ngoko lugu                                    c.ngoko alus
b.krama lugu                        d.krama alus
28. nalika eyang rawuh bapak saweg kemawon  tindak. Yen diowahi basa ngoko alus………….
a. Nalika Eyang rawuh bapak lagi bae tindak
b. nalika Eyang teka bapak lagi bae tindak      
c. Nalika Eyang rawuh bapak lagi bae lunga.
d. Nalika Eyang teka bapak lagi bae lunga    
29. kang Arif disilihi sarung ya ora gelem nganggo. Ukara iki nduweni teges……..
a.upama                               c.ngarep-arep
b.sajanan                             d.ngongkon
30. Pamitan marang bapak- ibumu sing bener menawa arep budhal sekolah yaiku :
  1. Pak/bu kula bidhal sekolah, nyuwun pangestu
  2. Pak/ bu kula ajeng tindak sekolah
  3. Pak/ bu kula ajeng mangkat sekolah nggih
  4. Pak/bu kula tindak sekolah, nyuwun sangu
31. Menawa arep pamit belajar kelompok, anggonmu matur marang Ibumu :
  1. Bu kula nyuwun pamit belajar kelompok , kundur kula mangke jam gangsal
  2. Bu kula mundhut pamit belajar kelompok, kundur kula mangke jam gangsal
  3. Bu kula ajeng tindak belajar kelompok, bali kula mangke jam gangsal
  4. Bu kula nyuwun pamit belajar kelompok, wangsul kula mangke jam gangsal
32. “Bu punapa kepareng kula …….. perpustakaan?”
  1. Mundhut idin tindak
  2. Nyuwun idin dhateng
  3. Nyuwun idin  kesah dhateng
  4. Mundhut idin kesah teng
33. “Bu kula …… kabar bilih sekolah badhe ngawontenaken Kemah Wira Bakti , punika punapa leres, Bu?”           
  1. ndherek priksa
  2. midhanget
  3. mireng
  4. krungu
34. Unggah-ungguh basa kang bener nalika matur karo bapak yaiku ……
  1. Benjang menapa Pak anggone ajeng tindak Semarang?
  2. Nuwun sewu Pak, benjang menapa Bapak badhe tindak Semarang?
  3. Benjang napa Pak, le ajeng teng Semarang?
  4. Mundhut priksa Pak, kapan anggene  badhe tindak Semarang?
35. Menawa kowe arep menyang pekiwan/WC anggonmu matur:
  1. Pak kula ajeng teng WC sekedhap
  2. Pak nyuwun idin dhateng WC sekedhap
  3. Pak kula ajeng tindak WC sekedhap
  4. Pak badhe tindak dhateng WC sekedhap, matur nuwun
36. Menawa nyuwun idin mlebu kelas jalaran telat, anggone matur:
a.   Pak guru nyuwun sewu kula telat, menawi dipun keparengaken kula badhe ndherek pelajaran
b.   Pak guru nyuwun sewu kula telat,  yen oleh kula ajeng melu pelajaran
c.   Pak guru nyuwun sewu kula telat,  yen angsal kula ajeng tumut pelajaran
d.   Pak guru nyuwun sewu kula telat,  menawa angsal kula ajeng ndherek pelajaran
37. “Wah hebat, aku melu bungah kowe entuk juara 1 ing lomba maca geguritan!”
Ukara iki lumrah diarani tatakrama kanggo ….
  1. Sapa aruh                     c. Nyuwun idin
  2. Nyuwun ngapura            d. Ngalem
38. Aku arep ….. karo ibu menawa sesuk Minggu aku arep ….. Simbah
  1. Ngendika, rawuh            c. Matur, sowan             
  2. Matur, rawuh                 d. Ngendika, sowan
39. Andharan ing ngisor iki kudu digatekake menawa srawung karo wong liya, kejaba…
a.     Guneman sing seru supaya cetha
b.    Basane kang becik.
c.     tetembungane kang becik
d.    Polatan kang sumeh
40. Matur marang bapak supaya dipundhutake sepatu, kang bener… .
a.     ”Pak, kula ngersakaken sepatu enggal, sebab sepatu kula mpun risak
b.    ”Pak, kula nyuwun dipunpundhutaken sepatu enggal, amargi sepatu kula risak
c.     “Pak, kula njaluk dipunpundhutaken sepatu enggal amarga sepatu kula mpun rusak”.
d.    ”Pak, kula nyuwun dipuntukokoake sepatu enggal amargi sepatu kula sampun risak”.



II. Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi cekak aos!
1.     Golekana tegese bebasan  ing ngisor iki!
a.     Rebut balung tanpa isi.
b.    Nabok nyilih tangan.
2.     Gawea ukara nganggo basa krama migunakake tembung homonim ing ngisor iki!
1.      Tuku                                                                      2. Njupuk
3.     Ukara ing ngisor iki owahana dadi ukara tanduk !
a.     Roti iku dipangan rudad
b.    Bukune ely disilih zeni
c.     Sepatune Ilham digowo Dahil
4.     Ukara ing ngisor iki owahana dadi ukara tanggap !
a.     Fatma ngresiki jogan
b.    wiranti nyuwekne bukune emi
c.     Aini ngirisi timun

5.     Ukara ing ngisor iki tulisen ngango aksara jawa!
Sing sapa goroh growah.

Tidak ada komentar: