Jumat, 02 Desember 2016

SOAL UAS I BAHASA JAWA KELAS IX TAHUN PELAJARAN 2016/2017

NASKAH ULANGAN AKHIR SEMESTER GANJIL
MADRASAH TSANAWIYAH YPSM BARAN
TAHUN PELAJARAN 2016/2017

Bidang Study      : BAHASA JAWA                                                                                 Kelas           : IX  (Sembilan )
Hari/Tanggal      : Selasa, 13 Desember 2016                                                                  Waktu          : 07.30-09.00

 I.     Teks ing ngisor iki wacanen kanthi premati, sabanjure wangsulana pitakone kanthi milih sing paling bener !


DEWI RARAYANA
Dewi Rarayana iku putrane Ki Ageng Ngerang. Putrane Ki Ageng iku loro, putri kabeh, sijine yaiku Dewi Pujiwati. Lelorone padha dene ayu sulistya ing warna. Dasar putrane Dwija, mula elmu agama lan panguripan Sadina-dina wis katog di wulangake marang putra lelorone. Umure Dewi Rarayana jangkep rongpuluh tahun, mula dina iku Ki Ageng nganakake syukuran. Uga mratandhani wis lulus sakeh elmu sing disinaoni Dewi Rarayana. Wektu iku akeh pangeran, santri lan muride Ki Ageng kepingin ngepek garwa Dewi Rarayana. Wengi iku kebak para tamu ing antarane Adipati Pathak Warak saka Jepara, Kapa lan Genthiri, Sunan Muria lan Sunan Kudus. Wektune mrambat alon nanging ajeg. Wis tengah wengi, akeh tamu sing padha bali. Mung kari sawatara tamu bae, sing padha ngrewangi tugur melekan. Ing antarane Kapa Genthiri lan Kanjeng Sunan Muria. Dumadakan kabeh mau dikagetake karo pambengake Ki Ageng yen Dewi Rarayana ilang sakan senthong,cinidra dening Adipati Pathak Warak saka Jepara. Ki Ageng banjur gawe sayembara, sok sapo ae wong lanang sing bisa mbalekake Dewi Rarayana bakal didadekake mantune. Nanging wong-wong sing ana kono ora ana sing nyaguhi. Padha ngerti lan apal marang watak wantune uga kasektene Adipati Jepara iku......................
Karya : Irul ES Budianto Kapethik saka: Penyebar Semangat no. 5, 2006
1.    Crita rakyat ing dhuwur iku irah-irahane.....
a.     Dewi Rarayana                      c. Kapa lan Genthiri 
b.     Dewi Pujiwati                         d. Sunan Muria
2.   Ing crita rakyat iku Kapa lan Genthiri uga Adipati Pathak Warak iku......Ki Ageng Ngerang
a.     Ponakake      b. Muride       c. Gurune      d. Sadulure
3.   Dewi Rarayana iku sawijining putri sing...
a.     Ayu, menut karo wong tua, seneng karo Kapa
b.     Ayu, senengane oleh garwa wong sugih
c.     Ayu, ngerti agama, sopan marang sapa ae
d.     Ala bebudine, tur cethek elmune
4.    Akeh priyayi sing seneng karo Dewi Rarayana, nganti wani nyidra/ nyulik dheweke. Sing nate nyidra yaiku....
a.     Kapa lan Genthiri
b.     Adipati Pathak warak lan patihe
c.     Adipati Pathak Warak lan Kapa
d.     Sunan Muria
5.   Adipati pathak warak iku wong sing....
a.     seneng ngumbar asmara, sekti lan diwedene, watake kasar lan ora sopan
b.     Adipati sing adil ngurmati marang wanita
c.     Guru sing akeh muride, diajeni lan becik piwulange
d.     Mung elu-elu karepe kanca ora dhuwene pemikiran dhewe
6.   Nalika Dewi Rarayana dicidra Adipati Pathak warak, Ki Ageng Ngerang gawe sayembara nanging ora ana sing wani, senajan arep dipek mantu Ki Ageng, sebabe…..
a.     wis padha ngantuk amargo kurang turu
b.     ora ana sing kepingin dipek mantu Ki Ageng
c.     wedi kara Kapa lan Genthiri
d.     padha ngerti lan wedi marang Adipati Pathak Warak
7.   Kapa lan Genthiri iku satemene uga nyimpen rasa seneng marang Dewi Rarayana. Malah wekasane meri lan gething marang Sunan Muria. Biyen olehe ngrewangi Sunan Muria kae ana pamrihe, supaya Dewi Rarayana diwenehake dheweke. Kaya unen-unen…
a.     kriwikan dadi grojogan
b.     sadumuk bathuk sanyari bumi
c.     ngrusak pager ayu 
d.     mbebidung api rowang
8.   Sunan Muria iku nyata wong pinunjul, dhasar bagus rupane tur becik bebudine, elmune dhuwur murideakeh, nanging ora angkuh apa maneh kagungan pikiran ala marang liyan. Kaya unen-unen….
 a.     jalma angkara mati murka
b.     dolanan ula mandi
c.     Lahang karoban memanis 
d.     Mburu uceng kelangan deleg
9.   Amarga kepingin dadi artis, joko pelo kae ninggalake penggaweyane sing 15 tahun ditekuni. Saiki bareng dadi artis tenan, jebul bayarane entek kanggo dandan necis. Kamangka biyen awake seger tur lemu. Saiki awake kuru banget. Joko pelo kae...
a.     Ngangsu banyu ing kranjang 
b.     Ngrusak pager ayu
c.     Mburu uceng kelangan deleg 
d.     Nyeret pring saka pucuk
10. Bangunan saking abad 18 niki damel gawokipun para ahli arsitektur. Basa ngoko lugune....
a.     Bangunan saka abad 18 iki gawe gawake para ahli arsitektur
b.     Bangunan saking abad 18 niki gawe gawoke para ahli arsitektur
c.     Bangunan cagak abad 18 iki gawe gawoke para ahli arsitektur
d.     Bangunan saka abad 18 iki gawa erame para ahli arsitektur
11. Ing sadhuwure lawang butulan sisih kidul ana sengkalane. Basa kramane.....
a.     Ing sainggilipun lawang butulan sisih kidel enten sengkalane
b.     Ing sadhuwuripun lawang butulan sisih kidul wonten sengkalane
c.     Ing sainggilipun konten butelan sisih kidul wonten sengkalanipun
d.     Ing sainggilipun kori butulan sisih kidul wonten sengkalanipun
12. Unen-unen utawa ukara sok uga awujud gambar, pepethan sing dhuweni teges angka tahun diarani.....
a.     Wangsalan                             c. Cangkriman 
b.     Geguritan                                                d. Sengkalan
13. Sengkalan sing duweni teges angka taun jawa, jenenge...
a.     Sengkalan memet                                c. Surya sengkala 
b.     Sengkala                                d. Candra sengkala
14. Sengkalan sing duweni teges angka taun masehi diarani...
a.     Sengakalan                            c. Sengkala 
b.     Surya sengkala                     d. Candra sengkala
15. Pidhato iku kadadeyan saka 3 bagiyan, yaiku....
a.     Pembuka, panutup, pandonga
b.     Pembuka, isi/ surasa, penutup
c.     Isi, paweling, pangajeng-ajeng 
d.     Pangajeng-ajeng, pakurmatan, salam
16. Kalebu ing peranganing pembukaning pidhato yaiku...
a.     Pandonga, piweling, salam penutup
b.     Pandonga, piweling
c.     Salam, pekurmatan, puji syukur 
d.     Pangajeng-ajeng, sarining pidhato
17. Kang kalebu pamuji syukur ing pidhato, tuladhane...
a.     Sinten kemawon tamtu mboten remen menawi kulawarganipun wonten ingkang nandhang sakit
b.     Mekaten, atur kula bilih wonten kalepatan anggen kula matur, nyuwun gunging pangaksami
c.     Sumangga, ngaturaken puji syukur ing ngersanipun Gusti Maha Mirah,...
d.     Maturnuwun sanget awit rawuh panjenengan sadaya
18.  Urutan kadadeyan wiwitan nganti wekasan ing cerkak diarani alur utawa...
a.     Setting         b. Wektu          c. Paraga        d. Plot
19.  Cerkak iku cekakan saka tembung....
a.     Crita sing sekak                     c. Cerita rakyat 
b.     Critane dicekak                     d. Crita cekak 
  20. Sing diarani crita cekak yaiku..
a.     Crita sing dawa banget
b.     Crita sing nyritakake lelakon wiwitan nganti wekasan kanthi cara ringkes
c.     Karya sastra kang wujude puisi jawa
d.     Karya sastra sing kaiket aturan guru gatra, guru wilangan, guru lagu
21. Kegiyatan maca, nliti banjur nulis asil panelitine ngenani cerkak sing diwaca diarani....
a.     Nimbang cerkak                    c. Ngelek-ngelek cerkak
b.     Ninthingi cerkak                    d. Guru gatra
22. Dasaname sakit asma kaya ing ngisor iki, kajaba...
a.     Sesak napas                          c. Mengi 
b.     Asma bronchiake                  d. Gudhigan
23. Sakit asma iku umume disebabake dening... lan keturunan
a.     Energi          b. Anergi         c. Alergi        d. Elegi
24. Kalebu pola hidup sehat yaiku...
a.     Dhahar sadurunge krasa ngelih, yen perlu ora mung ping telu
b.     Dhahar seimbang, istirahat cukup, olahraga teratur
c.     Dhahar lan ngunjuk vitamin sing akeh
d.     Olah raga nganti lemes supaya penyakit ilang amarga dadi kringet30.
25.  Supaya badan ora gampang kena penyakit para dokter mrayagakake supaya...
a.     Dhahar sing akeh banget 
b.     Ora usah metiu saka omah
c.     Turu kurang luwih 12 jam sedina 
d.     Ngulinakake pola hidup sehat
26. Gunane aksara swara yaiku...
a.     Kanggo nulis jenenge uwong, panggonan, lembaga lan bebadan hokum
b.     Kanggo nulis aksara swara kang dadi wanda
c.     Kanggo ngganteni tembunbg saburine wanda sigeg
d.     Kanggo ngganti aksara swara kang dadi wanda
27. Tembung ing ngisor iki kang mbutuhake aksara swara yaiku....
a.     Usung          b. Oktober          c. Ireng           d. Arep
28. Aksara swara iku….
a.     isa dadi paten lan nduweni aksara pasangan 
b.     isa dadi paten lan ora duwe aksara pasangan
c.     ora isa dadi paten lan nduweni aksara pasangan 
d.     ora iso dadi paten  lan ora duwe aksara pasangan
29. Sembah sungkem ing pepada panjenengan, ukara iku kalebu….layang
a.     adangiyah                              c. paprenahan 
b.     wasana basa                         d. tapak asta
30. Nuwun wiyosipun, lumantar serat punika kula aturaken menawi kula sakeluwarga ing Malang sae-sae mawon. Mugi mekatena jeng sekti ing Banyuwangi sagarwa putra.
Kutipan ing dhuwur kalebu …laying
 a.     surasa basa                           c. bebuka
b.     adangiyah                              d. wasana basa
31. Tuladhane titi mangsa ing layang yaiku….
a.     Ingkang putra, paijan
b.     Lawang, 17 Agustus 2007
c.     assalamualaikum wr.wb
d.     Kang pandhonga
32. Nuwun sewu, kanthi serat punika kula matur, kelebu perangan...layang
a.     Wasana basa                         c. Surasa basa 
b.    Bebuka                                    d. Adangiyah
33. Tembung macapat iku cacahe ana pira?
a.     5                    b. 6                  c. 11                d. 14
34. Tembang macapat iku kaiket ing aturan...
a.     Guru gatra, guru wilangan, guru pada
b.    Guru gatra, guru lagu, guru pada
c.     Guru gatra, guru wilangan, guru lagu 
d.    Guru swara, guru lagu, guru pada
35. Cacahing gatra ing sapada tembung macapat diarani....
a.     Guru swara                             c. Guru wilangan 
b.    Guru sastra                             d. Guru gatra
36. Guru wilangan yaiku...
a.     Cacahing wanda ing saben sapada tembung macapat
b.    Tibaning swara/ vokal ing saben pungkasaning gatra
c.     Cacahing gatra ing sapada tembang macapat
d.    Cacahing wanda ing saben gatra tembang macapat
37. Tibaning swara/ vokal ing saben pungkasaning gatra diarani....
a.     Guru lagu/ swara                   c. Guru sastra 
b.    Guru wilangan                       d. Guru gatra
38. Marang wong tuwa iku kudune…..
a.     kabeh tugas sekolah nyuwun digarapake Bapak lan Ibu
b.    Ora gawe repote, supaya ora bola-bali diutus iki lan iku
c.     kaya karo kancane bae, basa ngoko ora apa-apa
d.    mbangun turut, yen diutus budhal, ora pareng mbantah
39. Menawi panjenengan ngersakaken badhe kula aturi nitih. Tembung-tembung ukara iki nganggo basa ….
a.     krama lugu                             c. krama alus 
b.    ngoko lugu                             d. ngoko alus
40. Bapak ora tindak kantor, amarga lagi gerah. Ukara iku basa ….
a.     ngoko alus                              c. ngoko lugu
b.    krama alus                             d. krama lugu


 II.             WANGSULANA PITHAKON ING NGISOR IKI KANTHI BENER !
1.      Owahana basa krama alus !
a.     Ibu menehake panganan marang embah
b.     Bapak kandha marang aku
2.      Tembung ing ngisor iki terangna tegese, sabanjure gawenen ukara
a.     sarujuk 
b.     manah
3.      Apa sing diarani :
a.     guru gatra
b.     guru wilangan
c.     guru lagu
4.      Gantinen nganggo tulisan aksara jawa !
a.     Manawa kowe budhal nggawa paying
b.     Bodhoa angger sregep sinau, mesthi dadi pinter
5. Sebutna jinising tembung rangkep lan wenehana tuladhani siji wae 

Tidak ada komentar: