Sabtu, 13 Mei 2017

SOAL BAHASA JAWA KELAS 8 SEMESTER GENAP

NASKAH ULANGAN SEMESTER GENAP
MADRASAH TSANAWIYAH YPSM BARAN
TAHUN PELAJARAN 2016/2017

Bidang Study      : BAHASA JAWA                                                                              Kelas           : VIII ( DELAPAN )
Hari/Tanggal      : Senin, 22 Mei 2017                                                                          Waktu          : 07.30-09.00 wib

I.      Wenehana tandha ( x ) ing salah sijining aksara a, b, c utawa d ing lembar wangsulan kang cumawis!
1.    Pitakon ing ngisor iki kang trep menowo digunakake kanggo wawancara babagan teknologi yoiku….
a.       Apa gunane alas tumerap manungso ?
b.      Apa manfaate maca buku ?
c.       Apa gunane computer kanggo manungso ?
d.      Kepriye carane gawe kripik tempe ?
2.    Wawancara sing sawetara pitakone wis digawe luwih dhisik diarani ……
a.       Wawancara kapimpin
b.      Wawancara bebas
c.       Wawancara tinarbuka
d.      Wawancara katutup
3.    Wawancara sing ditindakake dening sawetara wong (kelompok) ing sajroning wektu bebarengan diarani…..
a.       Wawancara tinarbuka
b.      Wawancara katutup
c.       Wawancara kelompok
d.      Wawancara bebas
4.    Wawancara sing ora winates utowo ora kaiket diarani…..
a.       Wawancara kapimpin
b.      Wawancara kelompok
c.       Wawancara tinarbuka
d.      Wawancara katutup
5.    Netepake tujuan wawancara tujuane yaiku….
a.       Supaya enggal mari
b.      Supaya oleh akeh
c.       Katon apik
d.      Supaya kudu konkret, cetha lan ngemot bab kang mligi
6.    Nggambarake kanyatan gumathok kang ana lan kelakon diarani…..
a.       Panemu                         c. Dudutan
b.      Fakta                             d. Wawanrembug
7.    Mujudake ringkesan sing dadi intisarining fakta apadene panemu, sing dijupuk adhedhasar kanyatan lan kahanan kang nyengkuyung kedadeyan diarani…….
a.       Panemu                         c. Dudutan
b.      Fakta                             d. Wawanrembug
8.    Ing ngisor iki sing klebu tuladha ukara tanduk wawa lesan yaiku…..
a.       Putri nembang
b.      Rini budhal sekolah
c.       Computer didandani Edi Susilo
d.      Pak Edi Susilo ndandani komputer
9.    Ing ngisor iki sing klebu tuladha ukara tanduk tanpa lesan yaiku…..
a.       Anger nembang
b.      Amir nggambar montor
c.       Farhan tuku printer
d.      Printer dituku farhan
10.  Ing ngisor iki sing klebu tuladha ukara tanggap yaiku….
a.       Ani turu angler
b.      Computer dituku Farhan
c.       Zaenal nebangi alas
d.      Anita nyapu latar
11.  Minggu kepungkur Pak Lurah sakulawarga tindak Jakarta. Miturut surasane ukara iku kalebu ukara apa ?
a. ukara pitakon
                 c. ukara pamenging
b. ukara pangajak
               d. ukara carita
12. Ukara-ukara ing ngisor iki mujudake ukara pitakon yaiku……
a.       Wacanen resep saka Pak Dhoter iku!
b.      Sapa nandur bakal ngundhuh.
c.       Apa kang dadi gegayuhanmu muga-muga bisa kasembadan.
d.      Apa kang njalari lara demam berdarah iku?
13. Warga masyarakat  padha  sayuk … ndadani dalan kang rusak. Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara iku …
a. rukun      b. Guyub         c. karsa                        d. Kridha
14. Khurul anggone maca geguritan pancen apik tenan, pocapane cetha, las-lasan, ora gumremeng tur kendel. Maca gegurutan kaya Khurul  iku ateges nggatekake … .
a. Wirasa
    b. Wiraga         c. wicara         d. Wirama
15.  Sanajan Ghopur anggone maca geguritan cetha pocapane, nanging dheweke ora nggatekake isine geguritan/ora dirasakake jroning ati. Geguritan kang isine susah malah diwaca karo mesam-mesem. Anggone maca geguritan Ghopur  iku ateges ora nggatekake … .
a. Wirasa
    b. Wiraga         c. wicara         d. Wirama
16. Tembung-tembung ing ngisor iki kang kalebu tembung camboran yaiku … .
a. raja brana, bala pecah, gulu banyak
b. wanasaba, sapa aruh, naga sari
c. mata kebo, mata sapi, gilir gumanti
d. sayuk rukun, akal budi, bibit kawit
17. Ukara-ukara ing ngisor iki migunakake tembung saroja, kejaba … .
a. Tindak-tanduke Nawaki  pancen apik banget.
b. Tata krama iku kudu lumrah kanggo sapa wae.
c.  Muga-muga ora ana godha rencana.
d.
 Aku wingi mangan randha royal entek papat.
18. Ukara-ukara carita ing ngisor iki kang nggambarake kahanan kang wis mesthi …
a.       Kang ngagem bathik kae dudu Bapak Kepala Sekolah.
b.      Aku ora percaya yen dheweke ora lulus ujian.
c.       Adohe anggone mlaku wingi kira-kira 5 km.
d.      Kang nggawa Bausastra jawa pancen aku.
19. Ukara-ukara ing ngisor iki ukara carita kang nggambarake kahanan kang durung cetha, kejaba …
a.       Bapak anggone rawuh mbok menawa mengko sore.
b.      Saiki kira-kira jam 11.00 WIB.
c.       Pakdhe dina  iki mesthi rawuh mrene.
d.      Yen ora kleru sesuk dina Selasa.
20.  Gabahe teles merga kudanan. Tembung teles kosok baline
a.klomoh     b.garing            c.kebes                        d.aking
21.  Anak kudu bekti marang wong tuwa. Apa dasanamane tembung anak?
a. tanaya, yoga, siwi, sunu
b. rama, sudarma, sudarmi, yayah
c. biyang, indhung, rena, wibi
d. dwija, muni, resi, wiku
22. Ukara-ukara ing ngisor iki kang migunakake seselanan um yaiku …
a.       Dadi bocah aja sok kumawani marang wong tuwa.
b.      Para mudha ageng sanget sumbang surungipun tumrap kemajenganing bangsa.
c.       Anggonmu mrene numpak apa?
d.      Dadi wong iku aja gumedhe, disengiti kanca
23. Bapak saben esuk mangan sega pecel, ngoko aluse……
a. Bapak saben esuk dhahar sega pecel                            
b. Bapak saben esuk dhahar sekul pecel       
c. Bapak saben esuk nedha sega pecel.                               
d. Bapak saben esuk nedha sekul pecel.                
24. Kang nggunakake basa ngoko alus…..
a.  Dwi Royani tuku sepedha jengki.
b.  Ibu ora diparingi salak.
c.  Bapak ora dicaosi pelem.
d.  Umam sampun tumbas buku tulis
25. Palemahan kang ditanduri kekembangan jenenge……..
a.patapan                            c.patamanan
b.pasanggrahan                   d.pinihan
26. Wong kang sabar dientarake jembar segarane. Wong kang gela arane…….
a.jero atine                          c.rupak jagate
b.nggadho ati                      d.pingget ati
27. sepedhahe motor diseleh ana njero omah. Tembung njero omah kosok baline………
a.tengah omah                     c. njaba omah
b.pinggir omah                    d. iringan omah
28. Putri dipun utus eyang boten purun. Krama lugune………….
a. Putri dipunkengken eyang ora gelem
b. Putri dipunkengken eyang boten purun.
c. Putri  dipunutus eyang ora gelem.
d. Putri dipunutus eyang boten purun.
29. Bapak kula dereng kondur saking kantor. Tembung kondur krama lugune…
a. mulih       b. wangsul       c. Kesah           d. tindak
30. Kang klebu candrane wong nesu……….
     a. baguse kaya bathara kamajaya
     b. sapta kukila warsa
     c. catur wanara rukem
     d. jaja bang wawinga- winga.
31. ukara kang nggunakake tembung rangkep……
a. bapak mundhut andhuk 
b. Aini  nyirami kembang mlathi
c. Febri mbayar ujian
d. Eva seneng tetulung kancane.
32. ngabekti marang wong tuwa loro. Ukara iku ngunakake basa………….
a.ngoko lugu                                   c.ngoko alus
b.krama lugu                       d.krama alus
33. kang Royan disilihi sarung ya ora gelem nganggo. Ukara iki nduweni teges……..
a.upama                              c. sajanan
b. ngarep-arep                     d. ngongkon
34. Pamitan marang bapak- ibumu sing bener menawa arep budhal sekolah yaiku :
  1. Pak/bu kula bidhal sekolah, nyuwun pangestu
  2. Pak/ bu kula ajeng tindak sekolah
  3. Pak/ bu kula ajeng mangkat sekolah nggih
  4. Pak/bu kula tindak sekolah, nyuwun sangu
35. Menawa arep pamit belajar kelompok, anggonmu matur marang Ibumu :
  1. Bu kula nyuwun pamit belajar kelompok , kundur kula mangke jam gangsal
  2. Bu kula mundhut pamit belajar kelompok, kundur kula mangke jam gangsal
  3. Bu kula ajeng tindak belajar kelompok, bali kula mangke jam gangsal
  4. Bu kula nyuwun pamit belajar kelompok, wangsul kula mangke jam gangsal
36.  “Bu punapa kepareng kula …….. perpustakaan?”
  1. Mundhut idin tindak
  2. Nyuwun idin dhateng
  3. Nyuwun idin  kesah dhateng
  4. Mundhut idin kesah teng
37. “Bu kula …… kabar bilih sekolah badhe ngawontenaken Kemah Wira Bakti , punika punapa leres, Bu?”   
  1. ndherek priksa             c. mireng
  2. midhanget                    d. krungu
38. Menawa kowe arep menyang pekiwan/WC anggonmu matur:
  1. Pak kula ajeng teng WC sekedhap
  2. Pak nyuwun idin dhateng WC sekedhap
  3. Pak kula ajeng tindak WC sekedhap
  4. Pak badhe tindak dhateng WC sekedhap, matur nuwun
39. Menawa nyuwun idin mlebu kelas jalaran telat, anggone matur:
a.    Pak guru nyuwun sewu kula telat, menawi dipun keparengaken kula badhe ndherek pelajaran
b.    Pak guru nyuwun sewu kula telat,  yen oleh kula ajeng melu pelajaran
c.    Pak guru nyuwun sewu kula telat,  yen angsal kula ajeng tumut pelajaran
d.    Pak guru nyuwun sewu kula telat,  menawa angsal kula ajeng ndherek pelajaran
40. Matur marang bapak supaya dipundhutake sepatu, kang bener… .
a.       ”Pak, kula ngersakaken sepatu enggal, sebab sepatu kula mpun risak
b.      ”Pak, kula nyuwun dipunpundhutaken sepatu enggal, amargi sepatu kula risak
c.       “Pak, kula njaluk dipunpundhutaken sepatu enggal amarga sepatu kula mpun rusak”.
d.      ”Pak, kula nyuwun dipuntukokoake sepatu enggal amargi sepatu kula sampun risak”.

II. Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi cekak aos!
1.      A. Apa sing diarani fakta, panemu, lan dudutan ?
B. Gawea tuladhane fakta, panemu, lan dudutan
2.      Gawea ukara nganggo basa krama migunakake tembung homonim ing ngisor iki!
a.         Tuku                                            
b.         Njupuk
3.      Ukara ing ngisor iki owahana dadi ukara tanduk !
a.         Roti iku dipangan Lena
b.         Bukune Melin disilih Fuadi
c.         Sepatune Intan digowo Astutik
4.      Ukara ing ngisor iki owahana dadi ukara tanggap !
a.         Fatma ngresiki jogan
b.         Rafi nyilihi bukune Muna
c.         Wiranti ngirisi timun
5.      Ukara ing ngisor iki tulisen ngango aksara jawa!
Sing sapa goroh growah.